Ono kidung rumekso ing wengiTeguh hayu luputo ing laloroLuputo bilahi kabeh Jin setan datan purun Paneluhan tan ono wani Miwah panggawe olo Gunaning wong luput Geni atemahan tirto Maling adoh tan ono ngarah ing mami Guno duduk pan sirno
Aku meneng ing swasana ening iki Tak sawang rupa ayumu Kang sumunar kesapu angin wengi Sawise suwe tansah bebarengan Ing wengi kang endah iki Wis tekan ing tapel wates Aku lan sliramu kudu pepisahan Golek maknane urip sejati